Assalamu`alalikum Wr. Wb.
Nuwun, para pepundhen, para pinisepuh miwah sesepuhingkang kinurmatan. Salajengipun sumangga tansah kula dherekaken memuji mring ngersaning Gusti Ingkang Akarya Jagad, ngaturaken pamuji syukur rahayu. Nun inggih hamung saking sih welasipun, kula panjenengan sedaya kepareng pinaringan daya kekiyatan satemah saged kempal manunggal wonten ing sasana mriki.
Saderengipun kula nyuwun pangapunten awit sampun kumawani ngadeg wonten ngarsa panjengengan sedaya, awit saking keparengipun Bapak. . . saperlu ndherekaken rantamaning adicara menika. Sampun rinacik saha rinantam reroncening acara inggih menika:
a. pambuka
b. atur pambagya saking kulawarga
c. atur saking wakil tamu
d. panutup/donga.
Mekaten kalawau menggah urutaning adicara menika. Sumangga enggal tumapak adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka. Minangka pembukaning acara sumangga kula dherekaken maos waosan basmalah sesarengan. (ndonga)
Mugi kanthi waosan donga kalawau adicara menika saged lumampah kanthi lancar wiwit purwa dumugi wasana. Aamiin. Ngancik adicara ingkang angka kalih inggih menika atur pambagya harja saking kulawarga, ingkang badhe dipunsalisani dening Bapak…dhumateng Bapak…. Sumangga. (atur pambagyaharja)
Matur nuwun dhumateng bapak . . . ingkang sampun kepareng ngaturaken pambagyaharja. Salejengipun inggih menika atur saking tamu ingkang badhe dipunsalirani dening Bapak . .. dhumateng bapak . . . wekdal saha papan kula aturaken sakcekapiun. (atur saking tamu).
Mekaten kalawau atur saking wakil tamu ingkang dipunsalirani dening bapak . . . salejengipun adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup, ingkang badhe kapungkasi kanthi donga, ingkang badhe kasalirani dening ustadz. . . sasampunipun donga awit saing keparengipun ingkang kagungan kersa Bapak ibu panjenengan katuran dhahar sesarengan ing papan ingkang sampun katemtokaken.
Kula minangka pranata adicara menawi angen kula ndherekaken acara menika kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten. Dhumateng ustadz . . . ingkang badhe paring waosan donga kula sumanggakaken sakcekapipun. Nuwun.