Soroting surya cumlorot madhangi donya
Pratandha murwani dina
Kadang tani sigra makarya
Makarya sengkut sedina laya
gotong royong golek pangupa jiwa
dadia sedulur sajroning rekasa
nyambut gawe bareng kudu katindakna
Panase surya tanpa rinasa
kesel sayah ing raga
nyata ora karasa
mbujung butuh kang nyata
kabeh mau kanggo kulawarga
Nanging putra...
yagene sliramu mangkene
nglirwakake tanggung jawabe
sinau sageleme dhewe
seneng-seneng cupet nalare
lire...ora mikir tembe burine
aku kudu piye...aku kudu piye
amrih bisa nyambut gawe
ngecakake ngelmu kang dinuwe
delengen...delengen wong kang apes uripe
mlarat, pigel pinter ora duwe
keduwung ora ngrampungi gawe
nadyan awak nggreges, nganti lemes
mripat pedhes tetep apes
No | Tembung kang ditegesi | tegese |
1 | Surya | awak |
2 | murwani | srengenge |
3 | sigra | miwiti, nglekasi |
4 | makarya | nyambut gawe |
5 | sengkut | ora nindakake |
6 | raga | cekak, ora tekan |
7 | nglirwakake | gela |
8 | cupet | deloken |
9 | keduwung | mempeng |
10 | delengen | enggal, age-age |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.