ACARA PERPISAHAN KELAS IX
SESORAH WAKIL KELAS IX
Assalamu`alaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang pantes sinudarsana, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kinurmatan, adhik-adhik kelas VII lan VIII lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring rahmad, satemah ing wekdal menika kula saha panjenengan saged kempal kanthi pinayungan karaharjan.
Kula minangka wakil saking kelas IX, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru ingkang sampun nggulawethah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan ingkang damel Bapak Ibu duka lan kuciwa.
Dhumateng adhik-adhik kelas VII lan VIII ingkang satuhu kula tresnani, tansaha sregep anggenipun ngangsu kawruh lan dados siswa ingkang setya tuhu dhateng dhawuhipun guru lan ngurmati tiyang sepuh.
Bapak Ibu Guru lan karyawan ingkang kinurmatan, boten kesupen kula sakanca nyuwun pamit lan nyuwun pangestu mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan menika, kula sakanca saged nglajengaken sinau ing pawiyatan ingkang langkung inggil.
Dhumateng Bapak Ibu lan adhik-adhik sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat lan barokahing Gusti Allah. Aamiin.
Wasana cekap samanten atur kula. Kupat duduhe santen, wonten lepat nyuwun pangapunten. Kupat janure tuwa, wonten lepat nyuwun pangapura.Nuwun.
Wassalamu`alaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.