A. Pangertosan
- Purwa ateges wiwitan
- Kanthi ateges gandheng
- Purwakanthi ateges nggandheng kang wis kasebut ana ing wiwitan. Maksude perangan kang buri nggandheng kang wis kasebut ana ing perangan wiwitan utawa purwa.
- Dene sing digandheng iku swarane, aksarane, utawa tembunge.
B. Jinis Purwakanthi
Purwakanthi iku kagolongake dadi telu:
1. Purwakanthi guru swara
yaiku purwakanthi kang awewaton paugeran swara utawa padha aksara swarane/vokal
tuladha a) becik ketitik, ala ketara.
b) gemi, nastiti, ngati-ati.
2. Purwakanthi guru sastra
yaiku purwakanthi kang awewaton paugeran sastra utawa aksara utawa padha aksara konsonan
tuladha a) bibit bebet bobot.
b) Kala kula kelas kalih, kula kilak kolang kaling kalih kilo, keli kali kilen kula, kula kelop-kelop.
3. Purwakanthi basa/lumaksita
yaiku purwakanthi kang diambali tembung-tembunge
tuladha a) Lamun dadi siswa, dadia siswa kang sregep maca.
b) Janur gunung, gunung geni lor ngayogya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.