Rabu, 29 Januari 2020

MACA GEGURITAN

Maca Geguritan
Sing kudu digatekake nalika maca Geguritan:

A. Wicara/ Kualitas Vokal
yaiku pamacane geguritan, pocapan kudu cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pamacane geguritan kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener, umpamane mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha)

B. Wirama
yaiku munggah mudhune swara, alon lan bantere swara nalika maca geguritan. Anggone maca kudu dilarasake karo isine geguritan supaya wiramane pas

C. Wirasa/Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi Geguritan, cocok/penere anggone negesi Geguritan. Wirasane nalika maca kudu kaetrepken karo isining geguritan umpamane : nesu, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.

d. Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.

Kamis, 23 Januari 2020

TULADHA GEGURITAN KELAS 8

Aja Nyikur Budaya Luhur

Wayang...
Oh wayang, wewayanganmu katon gawang-gawang
Kumanthil-kanthil tan bisa uwal
Kowe jaya, kowe kombul ing angkasa
Kabeh padha rumeksa
Kabeh padha njaga

Wayang...
Saiki kowe nglambrang
ngluru ndara tekan sabrang
amrih suwaramu tetep gemawang

Eman bendara mudha ing tanah Jawa malah nyingkur
Padha kabur
Ora eling warisane leluhur
Amrih lestari lan sempulur


SOAL LATIHAN

1. Pada kapisan nyaritakake kabudayan wayang kang isih kepiye?
2. Pada pira kang nuduhake menawa wong manca wae uga seneng wayang?
3. Ukara endi sing nuduhake menawa wong anom (bocah saiki) wis kurang seneng wayang?
4. Wayang iku warisane sapa?
5. Supaya wayang tetep lestari, apa kang kudu ditindakake?



Rabu, 15 Januari 2020

TULADHA GEGURITAN

Kadang Tani

Soroting surya cumlorot madhangi donya
Pratandha murwani dina
Kadang tani sigra makarya
Makarya sengkut sedina laya
gotong royong golek pangupa jiwa
dadia sedulur sajroning rekasa
nyambut gawe bareng kudu katindakna

Panase surya tanpa rinasa
kesel sayah ing raga
nyata ora karasa
mbujung butuh kang nyata
kabeh mau kanggo kulawarga

Nanging putra...
yagene sliramu mangkene
nglirwakake tanggung jawabe
sinau sageleme dhewe
seneng-seneng cupet nalare
lire...ora mikir tembe burine
aku kudu piye...aku kudu piye
amrih bisa nyambut gawe
ngecakake ngelmu kang dinuwe

delengen...delengen wong kang apes uripe
mlarat, pigel pinter ora duwe
keduwung ora ngrampungi gawe
nadyan awak nggreges, nganti lemes
mripat pedhes tetep apes

NoTembung kang ditegesitegese 
1Suryaawak
2murwanisrengenge
3sigramiwiti, nglekasi
4makaryanyambut gawe
5sengkutora nindakake
6ragacekak, ora tekan
7nglirwakakegela
8cupetdeloken
9keduwungmempeng
10delengenenggal, age-age

Selasa, 07 Januari 2020

TEKS MC UJIAN PRAKTEK

Assalamu`alalikum Wr. Wb.
Nuwun, para pepundhen, para pinisepuh miwah sesepuhingkang kinurmatan. Salajengipun sumangga tansah kula dherekaken memuji mring ngersaning Gusti Ingkang Akarya Jagad, ngaturaken pamuji syukur rahayu. Nun inggih hamung saking sih welasipun, kula panjenengan sedaya kepareng pinaringan daya kekiyatan satemah saged kempal manunggal wonten ing sasana mriki.
Saderengipun kula nyuwun pangapunten awit sampun kumawani ngadeg wonten ngarsa panjengengan sedaya, awit saking keparengipun Bapak. . . saperlu ndherekaken rantamaning adicara  menika. Sampun rinacik saha rinantam reroncening acara inggih menika:
a. pambuka
b. atur pambagya saking kulawarga
c. atur saking wakil tamu
d. panutup/donga.

Mekaten kalawau menggah urutaning adicara menika. Sumangga enggal tumapak adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka. Minangka pembukaning acara sumangga kula dherekaken maos waosan basmalah sesarengan. (ndonga)
Mugi kanthi waosan donga kalawau adicara menika saged  lumampah kanthi lancar wiwit purwa dumugi wasana. Aamiin. Ngancik adicara ingkang angka kalih inggih menika atur pambagya harja saking kulawarga, ingkang badhe dipunsalisani dening Bapak…dhumateng Bapak…. Sumangga. (atur pambagyaharja)
Matur nuwun dhumateng bapak . . . ingkang sampun kepareng ngaturaken pambagyaharja. Salejengipun inggih menika atur saking tamu ingkang badhe dipunsalirani dening Bapak . .. dhumateng bapak . . . wekdal saha papan kula aturaken sakcekapiun. (atur saking tamu).
Mekaten  kalawau  atur saking wakil tamu ingkang dipunsalirani dening bapak . . . salejengipun adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup, ingkang badhe kapungkasi kanthi donga, ingkang badhe kasalirani dening ustadz. . . sasampunipun donga awit saing keparengipun ingkang kagungan kersa Bapak ibu panjenengan katuran dhahar sesarengan ing papan ingkang sampun katemtokaken.
Kula minangka pranata adicara menawi angen kula ndherekaken acara menika kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten. Dhumateng ustadz . . . ingkang badhe paring waosan donga kula sumanggakaken sakcekapipun. Nuwun.

TEKS SESORAH UJIAN PRAKTEK

ACARA PERPISAHAN KELAS IX
 SESORAH WAKIL KELAS IX


Assalamu`alaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang pantes sinudarsana, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kinurmatan, adhik-adhik kelas VII lan VIII lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring rahmad, satemah ing wekdal menika kula saha panjenengan saged kempal kanthi pinayungan karaharjan.
Kula minangka wakil saking kelas IX, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru ingkang sampun nggulawethah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan ingkang damel Bapak Ibu duka lan kuciwa.
Dhumateng adhik-adhik kelas VII lan VIII ingkang satuhu kula tresnani, tansaha sregep anggenipun ngangsu kawruh lan dados siswa ingkang setya tuhu dhateng dhawuhipun guru lan ngurmati tiyang sepuh.
Bapak Ibu Guru lan karyawan ingkang kinurmatan, boten kesupen kula sakanca nyuwun pamit lan nyuwun pangestu mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan menika, kula sakanca saged nglajengaken sinau ing pawiyatan ingkang langkung inggil.
Dhumateng Bapak Ibu lan adhik-adhik sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat lan barokahing Gusti Allah. Aamiin.
Wasana cekap samanten atur kula. Kupat duduhe santen, wonten lepat nyuwun pangapunten. Kupat janure tuwa, wonten lepat nyuwun pangapura.Nuwun.
Wassalamu`alaikum Wr. Wb.