Sesorah utawi pidhato, yaiku nglairake gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah iku ngadhepi wong akeh, umpamane beda pangkat, ngelmu, umur, lsp. Mula wong kang sesorah iku kudu ngerti bab wigati kang kudu digatekake.
B. Ancase (Tujuan) Sesorah
Ancas utawa tujuane sesorah iku bisa kapilah:
1)Atur pambagya
Yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata supitan, mantenan.
2) Atur kabar, pawarta utawa informasi
Yaiku sesorah kang duwe ancas nyaritakake sawijining bab marang pamiarsa. Pamiarsa kang sadurung durung ngerti dadi ngerti.
3) Aweh panglipur/hiburan (menghibur)
Ancase sesorah iki kanggo aweh panglipur supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe. Tuladhane panglipur ing layatan.
4) Pangajak
Ancase sesorah iku supaya kang mirengake percaya banjur katut, katarik lan gelem nindakake apa kang diwedharake sing sesorah. Tuladhane sesorah ing babagan agama.
C. Urut-urutane Sesorah
1)Uluk salam/salam pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh, kayata nuwun, kula nuwun, sugeng siang, Asslamu`alaikum, lan salam liyane.
2) Pakurmatan
Isine menehi pakurmatan marang tamu kang rawuh.
3)Purwaka
Isine puji syukur marang Allah dene isih bisa ketemu ing acara iku. Uga atur panuwun marang tamu sing kersa nglonggarake wektu rawuh.
4) Isi/wigating atur
Isine bab apa wae sing bakal diaturake, umpamane atur pambagya supitan, syukuran, lsp.
5) Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake (diarep) sing kagungan kersa marang tamune, upamane donga, pitutur, lan sapiturute.
6) Panutup
Isine atur panuwun awit rawuhe para tamu lan nyuwun pangapura menawa ana lupute.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.