Cerkak cekakan saka cerita cekak. Ing basa indonesia diarani cerpen. Cerkak salah sijine karya sastra Jawa kang prasaja, dene wujude yaiku gancaran (prosa).
B. TITIKAN (CIRI-CIRI)
- Urutan crita prasaja
- Paragane sethithik
- Temane prasaja
- Ana piwulange
- Gunggung tembunge watara 500-5000
C. UNSUR INTRINSIK
- Tema: gagasan pokok kang dadi dhasare crita. Bisa dimangerteni yen wis maca critane nganti rampung.
- Tokoh: paraga kang ana ing sajroning crita. Kaperang dadi telu yaiku (1) paraga protagonis yaiku paraga kang duwe watak lan sipat kang becik, (2) paraga antagonis yaiku umume paraga kang digambarake duwe sipat ala, (3) paraga tritagonis yaiku paraga kang ana ing tengah-tengahe paraga loro mau.
- Penokohan: gegambarane watak paraga ing crita.
- Alur: lakuning crita saka wiwitan tekan rampung
- Latar/setting: gayut karo telung perkara yaiku (1) papan utawa gambaran papan(tempat) dumadine lelakon ing crita, (2) wektu gambaran kapan dumadine lelakon ing crita (3) kahanan utawa swasana yaiku gambaran kahanan nalika dumadine lelakon.
- Amanat yaiku pesan moral kang diandhut ing crita.
- Sudut pandang yaiku carane nyritakake cerkak iku saka panulise.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.