Kamis, 21 November 2019

LATIHAN PAS KELAS 8

1. Apa kang diarani basa ngoko alus?
2. Nuwun sewu Pak, menapa Bu desi sampun….?
3. Kula …jam 13.00, dene bapak…bakda ashar.
4. Menawa matur marang wong kang luwih tuwa becike nggunakake basa…
5. Apa kang diarani basa ngoko lugu?
6. Pak lurah duwe anak lima. Owahana dadi basa krama alus!
7. Percakapan (melengkapi kalimat rumpang)
8. Percakapan (melengkapi kalimat rumpang)
9. Menganalisi bahasa yang digunakan dalam percakapan
10. Kepiye anggonmu matur menawa arep pamit menyang mburi?
11. Gawea ukara kanggo aweh pangalembana!
12. Tata krama bermasyarakat
13. Gawea ukara kanggo nyuwun kawigaten!
14. Kepiye anggonmu matur menawa telat mlebu kelas?
15. Apa tegese pawarta?
16. Isi pawarta dianggep wigati menawa…
17. Teks pawarta dumadi saka apa wae?
18. Apa kang diarani faktual?
19. Apa kang diarani aktual?
20. Apa tujuan/ancas nyimak berita?
21. Tuladha penulisan judul yang benar.
22. Sebutna ciri-ciri irah-irahan pawarta kang becik!
23. Memahami isi berita
24. Memahami isi berita
25. Menyebutkan bagian berita
26. Pawarta kang becik ngemot wangsulan saka pitakonan…(5W+1H)
27. Apa kang diarani tanggapan?
28. Ciri-ciri tanggapan yang baik
29. Apa kang diarani cerkak?
30. Sebutna ciri-ciri/titikan cerkak!
31. Sebutna unsur intrinsik cerkak!
32. Menjelaskan salah satu unsur intrinsik cerkak
33. Sebutna jinising paraga ing cerkak!
34. Sebutna jinising latar ing cerkak!
35. Budi anggone maca cerkak apik. Obahe awak nambahi cetha surasane crita. Ateges Budi nggatekake…
36. Apa kang diarani wirasa nalika maca cerkak?
37. “Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak”. Latar papan saka pethikan kasebut ana ing…
38. Menyebutkan tokoh utama
39. Piweling yaiku…
40. Apa wae kang perlu digatekake nalika maca cerkak?


41. Apa gunane basa ngoko alus?
42. Mengubah kalimat ngko lugu menjadi ngoko alus dan krama alus. Apa kowe wis mangan?
43. Disediakan berita, menganalisis 5 W+1H
44. Sebutna bab-bab kang perlu digatekake nalika menehi tanggapan!
45. Disediakan cerkak, siswa dapat menyebutkan unsur intrinsik.

Minggu, 10 November 2019

CANGKRIMAN

A. TEGESE CANGKRIMAN
Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibatang utawa butuh wangsulan, diarani uga bedhekan utawa batangan. Yen ing basa Indonesia cangkriman uga diarani teka-teki.

B. WUJUDE CANGKRIMAN
1) Cangkriman Cekakan/Wancahan
Cangkriman menika awujud tembung ingkang dicekak utawa diwancah

Tuladhanipun:
pakboletus  
→ tipak kebo ana lelene satus
2) Cangkriman Irib-iriban
Cangkriman menika awujud 
irib-iriban/memper utawa pepindhan
Tuladhanipun:
Sega sakepel dirubung tinggi
salak
3) Cangkriman Blenderan
Cangkriman iki ngemu surasa utawa teges blenderan utawa plesetan.

Tuladha:
Tulisan Arab macane saka ngendi? Macane ya saka alas.
4) Cangkriman Wantah
Cangkriman iki awujud ukara wantah utawa lumrah.

Tuladha:
Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh. Batangane yaiku geni.

SOAL GARAPEN!


SESORAH

A. Tegese Sesorah
Sesorah utawi pidhato, yaiku nglairake gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah iku ngadhepi wong akeh, umpamane beda pangkat, ngelmu, umur, lsp. Mula wong kang sesorah iku kudu ngerti bab wigati kang kudu digatekake.

B. Ancase (Tujuan) Sesorah
Ancas utawa tujuane sesorah iku bisa kapilah:
1)Atur pambagya
Yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata supitan, mantenan.

2) Atur kabar, pawarta utawa informasi
Yaiku sesorah kang duwe ancas nyaritakake sawijining bab marang pamiarsa. Pamiarsa kang sadurung durung ngerti dadi ngerti.

3) Aweh panglipur/hiburan (menghibur)
Ancase sesorah iki kanggo aweh panglipur supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe. Tuladhane panglipur ing layatan.

4) Pangajak
Ancase sesorah iku supaya kang mirengake percaya banjur katut, katarik lan gelem nindakake apa kang diwedharake sing sesorah. Tuladhane sesorah ing babagan agama.

C. Urut-urutane Sesorah
1)Uluk salam/salam pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh, kayata nuwun, kula nuwun, sugeng siang, Asslamu`alaikum, lan salam liyane.

2) Pakurmatan
Isine menehi pakurmatan marang tamu kang rawuh.

3)Purwaka
Isine puji syukur marang Allah dene isih bisa ketemu ing acara iku. Uga atur panuwun marang tamu sing kersa nglonggarake wektu rawuh.

4) Isi/wigating atur
Isine bab apa wae sing bakal diaturake, umpamane atur pambagya supitan, syukuran, lsp.

5) Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake (diarep) sing kagungan kersa marang tamune, upamane donga, pitutur, lan sapiturute.

6) Panutup
Isine atur panuwun awit rawuhe para tamu lan nyuwun pangapura menawa ana lupute.


Kamis, 07 November 2019

Urutan Pranatacara.....

1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

CERKAK (PANGERTOSAN, TITIKAN LAN UNSUR INTRINSIK)

A. PANGERTOSAN
Cerkak cekakan saka cerita cekak. Ing basa indonesia diarani cerpen. Cerkak salah sijine karya sastra Jawa kang prasaja, dene wujude yaiku gancaran (prosa).

B. TITIKAN (CIRI-CIRI)
  1. Urutan crita prasaja
  2. Paragane sethithik
  3. Temane prasaja
  4. Ana piwulange
  5. Gunggung tembunge watara 500-5000
C. UNSUR INTRINSIK
  1. Tema: gagasan pokok kang dadi dhasare crita. Bisa dimangerteni yen wis maca critane nganti rampung.
  2. Tokoh: paraga kang ana ing sajroning crita. Kaperang dadi telu yaiku (1) paraga protagonis yaiku paraga kang duwe watak lan sipat kang becik, (2) paraga antagonis yaiku umume paraga kang digambarake duwe sipat ala, (3) paraga tritagonis yaiku paraga kang ana ing tengah-tengahe paraga loro mau.
  3. Penokohan: gegambarane watak paraga ing crita.
  4. Alur: lakuning crita saka wiwitan tekan rampung
  5. Latar/setting: gayut karo telung perkara yaiku (1) papan utawa gambaran papan(tempat) dumadine lelakon ing crita, (2) wektu gambaran kapan dumadine lelakon ing crita (3) kahanan utawa swasana yaiku gambaran kahanan nalika dumadine lelakon.
  6. Amanat yaiku pesan moral kang diandhut ing crita.
  7. Sudut pandang yaiku carane nyritakake cerkak iku saka panulise.