Minggu, 27 Oktober 2019

PRANATACARA

A. Tegese Pranatacara
Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan nglantarake lumakune sawijining acara. Pranatacara uga asring disebut MC, pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara.

Sangune menawa dadi Pranatacara
1. Nguwasani  acara /materi
Pranata cara kudu mangerteni materine.
2. Olah swara
Gladhen kedaling lesan utawa pelafalan. Gladhe wirama, gayut karo seru lirih, cendhek dhuwur.
3. Olah busana
Nggunakake sandhangan kang trep karo kahanan nalika dadi pranatacara.
4. Olah basa
Nggladhi nggunakake basa kang bener trep marang kahanan. Pranatacara kudu bisa nglarasake basa kang digunakake karo kahanan lan para rawuh.
5. Olah sastra
Nyinau bab kasusastran kang bisa digunakake nalika ngayahi jejibahan. Tuladha nggunakake tembang, parikan, lsp.

Urut-Urutane wicara menawa dadi Pranatacara
1. Salam Pambuka
2. Ukara pakurmatan
3. Muji syukur
4. Isi
5. Masrahake papan lan wektu
6. Pungkasan atur
7. Salam panutup


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.