Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang tuhu dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Bapak Ketua Komite Sekolah ingkang tuhu minulya ing budi.
Bapak/Ibu wali murid kelas IX ingkang tuhu kula urmati.
Bapak/Ibu Guru lan Karyawan ingkang tansah bagya mulya.
Para kanca kelas VII, VIII, lan IX ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahakuwasa, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula, katitik wonten ing wekdal menika panjenengan dalasan kula pinarengaken manunggal sesarengan wonten ing papan menika kanthi wilijeng boten wonten alangan setunggal menapa.
Para Bapak ibu sagung sami rawuh ingkang kula urmati.
Nyuwun pangapunten kula kumawani munggel pangandikan sawetawis. Nun inggih, awit wonten ing wekdal menika kula ingkang kadhawuhan ndherekaken lampahing acara “Perpisahan lan Tutup Taun SMP Muhammadiyah 1 Yogyakarta”.
Bapak ibu ingkang satuhu kinurmatan,
Saderengipun acara kawiwitan , keparenga kula ngaturaken menggah urut-urutaning acara wonten ing wekdal menika.
Ingkang sapisan pambuka,
Acara kaping kalih, nun inggih tanggap wacana saking pangarsa panitiya perpisahan.
Acara kaping tiga, tanggap wacana saking kepala sekolah.
Acara kaping sekawan, tanggap wacana saking komite sekolah.
Acara kaping gangsal, pentas seni.
Acara kaping enem, panutup.
Sumangga enggal tumapak adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka, minangka pambukaning acara sumangga kula dherekaken maos waosan basmallah sesarengan, bismillahirrahmanirahim.
Nuwun, mugi-mugi kanthi waosan basmalah kalawau acara ing wedal menika saged lancar boten kirang satunggal menapa.
Acara kaping kalih, nun inggih tanggap wacana saking pangarsa panitiya perpisahan. Dhumateng bapak….wekdal saha papan kula aturaken. Sumangga
….…………………………………………………………………..
….…………………………………………………………………..
….…………………………………………………………………..
Acara ingkang pungkasan inggih menika panutup, saderenge kula tutup ing mbok bilih anggen kula nglantaraken acara wiwit purwa dumugi wasana kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten. Mangga acara menika katutup kanthi waosan hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirobilalamin
Wassalamualikum wr wb