Rabu, 11 Desember 2019

SOAL REMIDI KELAS 9

1. Ing sawijining rapat, ana bab sing wis dadi keputusan nanging sejatine bab iku mau ora cocok karo panemumu, kepriye becike?
A. ora perlu ditindakake amarga ora setuju
B. perlu ditiindakake nanging naning mung yen gelem
C. perlu ditindakake nanging mung yen dikon ketua
D. kudu ditindakake amarga wis dadi keputusan rapat

2. Ngaturi rawuh wong liya supaya kersa rawuh ana ing kajatan kanthi basa lisan lan basa tulis yaiku diarani ....
A. atur-atur
B. mangayubagya
C. pranatacara
D. pamedhar sabda

3. Wong atur-atur marang wong liya prayogane .…
A. sopan santun, tata krama mung diperlokake yen karo wong tuwa
B. sopan santun, tata krama kudu becik
C. sopan santun, tata krama digatekake menawa sing sangarepe pejabat
D. sopan santun, tata krama digatekake yen ana perlu

4. Sliramu didhawuhi Pak Lurah atur-atur marang Pak Toni. Kepiye anggonmu matur?
A. Pak Toni, Pak Lurah ngengken panjenengan kendhuren mangkih sonten.
B. Pak Toni, sampeyen diaturi dhateng kendhuren mangkih sonten.
C. Pak Toni, panjenengan dipunaturi kendhuren wonten dalemipun Pak Lurah mangkih sonten.
D. Pak Toni, mengko sore teka kendhuren nggone Pak Lurah ya.

5. Layang sing isine caos kabar marang wong liya lan ngaturi rawuh ing sawijining acara yaiku diarani layang .…
A. iber-iber
B. lelayu
C. kitir
D. ulem/undhangan

6. Papan lan wektu panulising layang yaiku perangane layang sing diarani .…
A. adangiyah
B. pambuka/purwaka basa
C. titi mangsa
D. wasana basa/panutup

7. Ukara ing ngisor iki endi kang nelakake pengarep-arep?
A. Muga-muga kowe entuk biji apik.
B. SMP Muhammadiyah 1 juara LSS.
C. Apa kowe sida lunga?
D. Arep sekolah kok udan deres.

8. Ukara ing ngisor iki endi kang nelakake rasa seneng?
A. Lho, bulik kok ora sida rawuh?
B. Alhamdulillah, budhe rawuh kanthi wilujeng.
C. Nyuwun pangapunten Pak, kula lepat.
D. Aku ora setuju karo panemumu kuwi.

9. Menawa ana kancamu kang lagi nandhang susah, kepiye pangrengkuhmu?
A. Meneng wae
B. Ethok-ethok ora ngerti
C. Ngobrol karo kanca liyane
D. Ngaruhake karo kandha ndherek bela sungkawa

10. Kancamu kesripahan simbah putrine, kepiye anggonmu nglipur?
A. Ora perlu susah, sing layat isih akeh lho!
B. Ora perlu susah, aku ndhak melu susah.
C. Ora perlu susah, simbahmu pancen wis sepuh.
D. Ndherek belasungkawa, muga-muga simbahmu husnul khotimah.

11. Paraga kang duwe jejibahan nglantarake lumakune sawijining acara diarani .
A. pranatacara
B. duta saraya
C. pambagyaharja
D. Pamedharsabda

12. Perangane pranatacara kang isine salam pambuka, sapa aruh marang tamu, muji syukur marang Gusti Allah diarani .
A. panutup
B. pambuka
C. ngaturake acara siji mbaka siji
D. macakake rantamaning adicara

13. Tuladha wicara pranatacara ing ngisor iki kang bener yaiku .
A. acara ingkang sepindhah inggih menika pembikaan
B. kula minangka pembawa acara ngaturaken aguning panuwun
C. adicara ingkang kaping kalih inggih menika tanggap wacana saking bapak kepala sekolah
D. sumangga kita sareng-sareng manjataken puji syukur dhateng Gusti Ingkang akarya Jagad

14. “Sumangga adicara menika binuka nyuwun dhateng Gusti Ingkang karya Jagad kanthi pandonga pamuji rahayu waosan basmallah.”
Ukara ing ndhuwur yaiku ukara kangggo .
A. miwiti acara
B. gawe acara
C. ngisi acara
D. mungkasi acara

15. “Acara salejengipun inggih menika atur pambagyaharja saking ingkang hamengku gati, wonten ing wekdal menika badhe dipunsalirani dening Bapak Zainal, wekdal saha papan kula aturaken.
Isi andharan ing ndhuwur yaiku .
A. pranatacara dadi sulih ature bapak Zainal
B. pranatacara dadi sulih ature pamengku gati
C. pranatacara migunakake wektune bapak Zainal
D. pranatacara nyaosake papan lan wektu marang bapak Zainal

16. Njlentrehke ide utawa pokok pikiran kanthi wujud ukara-ukara sing diucapake ing sangarepe wong akeh yaiku diarani .…
A. pranatacara  
B. duta saraya
C. adiwicara
D. sesorah

17. Sesorah nampa rawuhe para tamu kang ana ing sawijining acara duwe ancas atur….
A. informasi
B. pambagya
C. pangajak
D. panglipur

18. Ing ngisor iki endi sing ora kalebu ancase sesorah .…
A. kanggo pangolok-olok
B. kanggo menehi hiburan
C. kanggo menehi informasi
D. kanggo pangajak

19. Mugi-mugi menapa ingkang sampun kula aturaken, wonten mupangatipun tumrap para rawuh sedaya. Andharan ing dhuwur ature wong kang lagi sesorah/pidhato, kalebu perangan ....
A. sumene
B. pambuka
C. pangarep-arep
D. panutup

20. “Para kadang wredha mudha siswa SMP Muhammadiyah 1 Yogyakarta ingkang kula tresnani.” Tegesipun tembung wredha inggih menika ....
A.  enom
B.  tuwa
C.  bocah
D.  Sepuh

Kamis, 21 November 2019

LATIHAN PAS KELAS 8

1. Apa kang diarani basa ngoko alus?
2. Nuwun sewu Pak, menapa Bu desi sampun….?
3. Kula …jam 13.00, dene bapak…bakda ashar.
4. Menawa matur marang wong kang luwih tuwa becike nggunakake basa…
5. Apa kang diarani basa ngoko lugu?
6. Pak lurah duwe anak lima. Owahana dadi basa krama alus!
7. Percakapan (melengkapi kalimat rumpang)
8. Percakapan (melengkapi kalimat rumpang)
9. Menganalisi bahasa yang digunakan dalam percakapan
10. Kepiye anggonmu matur menawa arep pamit menyang mburi?
11. Gawea ukara kanggo aweh pangalembana!
12. Tata krama bermasyarakat
13. Gawea ukara kanggo nyuwun kawigaten!
14. Kepiye anggonmu matur menawa telat mlebu kelas?
15. Apa tegese pawarta?
16. Isi pawarta dianggep wigati menawa…
17. Teks pawarta dumadi saka apa wae?
18. Apa kang diarani faktual?
19. Apa kang diarani aktual?
20. Apa tujuan/ancas nyimak berita?
21. Tuladha penulisan judul yang benar.
22. Sebutna ciri-ciri irah-irahan pawarta kang becik!
23. Memahami isi berita
24. Memahami isi berita
25. Menyebutkan bagian berita
26. Pawarta kang becik ngemot wangsulan saka pitakonan…(5W+1H)
27. Apa kang diarani tanggapan?
28. Ciri-ciri tanggapan yang baik
29. Apa kang diarani cerkak?
30. Sebutna ciri-ciri/titikan cerkak!
31. Sebutna unsur intrinsik cerkak!
32. Menjelaskan salah satu unsur intrinsik cerkak
33. Sebutna jinising paraga ing cerkak!
34. Sebutna jinising latar ing cerkak!
35. Budi anggone maca cerkak apik. Obahe awak nambahi cetha surasane crita. Ateges Budi nggatekake…
36. Apa kang diarani wirasa nalika maca cerkak?
37. “Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak”. Latar papan saka pethikan kasebut ana ing…
38. Menyebutkan tokoh utama
39. Piweling yaiku…
40. Apa wae kang perlu digatekake nalika maca cerkak?


41. Apa gunane basa ngoko alus?
42. Mengubah kalimat ngko lugu menjadi ngoko alus dan krama alus. Apa kowe wis mangan?
43. Disediakan berita, menganalisis 5 W+1H
44. Sebutna bab-bab kang perlu digatekake nalika menehi tanggapan!
45. Disediakan cerkak, siswa dapat menyebutkan unsur intrinsik.

Minggu, 10 November 2019

CANGKRIMAN

A. TEGESE CANGKRIMAN
Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibatang utawa butuh wangsulan, diarani uga bedhekan utawa batangan. Yen ing basa Indonesia cangkriman uga diarani teka-teki.

B. WUJUDE CANGKRIMAN
1) Cangkriman Cekakan/Wancahan
Cangkriman menika awujud tembung ingkang dicekak utawa diwancah

Tuladhanipun:
pakboletus  
→ tipak kebo ana lelene satus
2) Cangkriman Irib-iriban
Cangkriman menika awujud 
irib-iriban/memper utawa pepindhan
Tuladhanipun:
Sega sakepel dirubung tinggi
salak
3) Cangkriman Blenderan
Cangkriman iki ngemu surasa utawa teges blenderan utawa plesetan.

Tuladha:
Tulisan Arab macane saka ngendi? Macane ya saka alas.
4) Cangkriman Wantah
Cangkriman iki awujud ukara wantah utawa lumrah.

Tuladha:
Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh. Batangane yaiku geni.

SOAL GARAPEN!


SESORAH

A. Tegese Sesorah
Sesorah utawi pidhato, yaiku nglairake gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah iku ngadhepi wong akeh, umpamane beda pangkat, ngelmu, umur, lsp. Mula wong kang sesorah iku kudu ngerti bab wigati kang kudu digatekake.

B. Ancase (Tujuan) Sesorah
Ancas utawa tujuane sesorah iku bisa kapilah:
1)Atur pambagya
Yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata supitan, mantenan.

2) Atur kabar, pawarta utawa informasi
Yaiku sesorah kang duwe ancas nyaritakake sawijining bab marang pamiarsa. Pamiarsa kang sadurung durung ngerti dadi ngerti.

3) Aweh panglipur/hiburan (menghibur)
Ancase sesorah iki kanggo aweh panglipur supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe. Tuladhane panglipur ing layatan.

4) Pangajak
Ancase sesorah iku supaya kang mirengake percaya banjur katut, katarik lan gelem nindakake apa kang diwedharake sing sesorah. Tuladhane sesorah ing babagan agama.

C. Urut-urutane Sesorah
1)Uluk salam/salam pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh, kayata nuwun, kula nuwun, sugeng siang, Asslamu`alaikum, lan salam liyane.

2) Pakurmatan
Isine menehi pakurmatan marang tamu kang rawuh.

3)Purwaka
Isine puji syukur marang Allah dene isih bisa ketemu ing acara iku. Uga atur panuwun marang tamu sing kersa nglonggarake wektu rawuh.

4) Isi/wigating atur
Isine bab apa wae sing bakal diaturake, umpamane atur pambagya supitan, syukuran, lsp.

5) Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake (diarep) sing kagungan kersa marang tamune, upamane donga, pitutur, lan sapiturute.

6) Panutup
Isine atur panuwun awit rawuhe para tamu lan nyuwun pangapura menawa ana lupute.